Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2024

caraka balik

[24/3 04.18] Suhandono: Arti caraka walik: Nga – Ngracut busananing manungso – melepaskan egoisme pribadi, manusia. Tha – Tukul saka niat – sesuatu harus dimulai, tumbuh dari niatan. Ba – Bayu sejati kang andalani - menyelaraskan diri pada gerak alam. Ga – Guru sejati sing muruki - belajar pada guru nurani Ma – Madep mantep manembah mring Ilahi – yakin, mantap dalam menyembah Ilahi Nya – Nyata tanpa mata, ngerti tanpa diuruki – memahami kodrat kehidupan Ya – Yakin marang samubarang tumindak kang dumadi – yakin atas titah / kodrat Illahi Ja – Jumbuhing kawula lan Gusti - selalu berusaha menyatu, memahami kehendak Nya Dha – Dhuwur wekasane endek tumindak kang dumadi – yakin atas titah / kodrat Illahi Ja – Jumbuhing kawula lan Gusti - selalu berusaha menyatu, memahami kehendak Nya Dha – Dhuwur wekasane endek wiwitane – Untuk bisa diatas tentu dimulai dari dasar Pa – Papan kang tanpa kiblat - Hakekat Allah yang ada disegala arah La – Lir handaya paseban jati - mengalirkan hidup semata pada

Berikut adalah lirik kidung Rumekso Ing Wengi:

Gambar
Ana kidung rumekso ing wengi Teguh hayu luputa ing lara luputa bilahi kabeh jim setan datan purun paneluhan tan ana wani niwah panggawe ala gunaning wong luput geni atemahan tirta maling adoh tan ana ngarah ing mami guna duduk pan sirno Sakehing lara pan samya bali Sakeh ngama pan sami mirunda Welas asih pandulune Sakehing braja luput Kadi kapuk tibaning wesi Sakehing wisa tawa Sato galak tutut Kayu aeng lemah sangar Songing landhak guwaning Wong lemah miring Myang pakiponing merak Pagupakaning warak sakalir Nadyan arca myang segara asat Temahan rahayu kabeh Apan sarira ayu Ingideran kang widadari Rineksa malaekat Lan sagung pra rasul Pinayungan ing Hyang Suksma Ati Adam utekku baginda Esis Pangucapku ya Musa Napasku nabi Ngisa linuwih Nabi Yakup pamiryarsaningwang Dawud suwaraku mangke Nabi brahim nyawaku Nabi Sleman kasekten mami Nabi Yusuf rupeng wang Edris ing rambutku Baginda Ngali kuliting wang Abubakar getih daging Ngumar singgih Balung baginda ngusman  Sumsumingsun Patimah linu